Kilas Balik Kehidupan Mbah Bejo

Eman'e urip ing alam donya

Ditulis oleh: - 00.15

Cilik cilik diwulang ngaji
Besok gede supoyo ngerti
Agomo islam agomo suci
Sopo ra ngaji awake rugi

Rugi donya ra dadi opo
Rugi akherat bakal ciloko
Sopo wae ra iso mbelo
Kurang bejo mlebu neroko

Emane yen dadi wong sugih
Golek bondho ra wigah-wigih
Barang haram digowo mulih
Neng akhirat bakal ditagih

Eman ugo yen dadi wong mlarat
Akeh dosa neng ra tobat-tobat
Gaweane mung nunggu zakat
Opo maneh yen ora sholat

Eman maneh yen sugih bondho
Pengin opo wae mesti iso
Neng ra sadar kakehan dosa
Suk yen mati bakal ciloko

Emane yen dadi pedagang
Ngalor ngidul dodolan barang
Golek bathi ra kurang-kurang
Neng sholate do arang-arang

Eman uga yen dadi petani
Mengkat esuk ngarap pari
Wektu luhur dilewati
Sholat ngasar nganti lali

Eman maneh yen dadi bakul
Nggowo barang ngalor ngidul
Golek pangan nggo isi wakul
Neng sholate do podo ucul

Paling eman yen dadipejabat
Gaweane mung rapat-rapat
Omong lamis ngapusi rakyat
Opo maneh do ora sholat

Subscribe via Email...!!

0 komentar "Eman'e urip ing alam donya", Baca atau Masukkan Komentar

Posting Komentar